Iki crito agek wae mau. Ceritane aku bar numpak montor muluk alias pesawat. Gara-gara aku numpak pesawat paling isuk saka bandara sing nek disawang saka nduwur bentuke kaya gunungan wayang, jelas wae aku isih ngantuk teklak-tekluk.
Tekan Bandara Soekarno-Hatta, aku milih ngenteni kabeh penumpang do mudun ndisik. Aku mudun keri dewe, nomer telu. La aku males wae ndadak suk-sukan ning koridor pesawat Boeing 737-400 sing sempit kui.
Amarga pesawat mandeg ning apron rada adoh saka terminal kedatangan, penumpang mudhun ora lewat passenger boarding bridge. Penumpang do mudun nganggo andha. Nah, bar mudhun nganggo andha kui kudune penumpang ditumpangake bus transit utawa istilah keren-e shuttle bus sing ngangkut penumpang saka apron menyang terminal.
Lha kok ndilalahe ana rong shuttle bus. Amarga ngantuk, kurang konsentrasi lan ketinggalan rombongan, aku kleru numpak bus. E la kok jebule aku numpak bus sing ngangkut penumpang marang pesawat sing arep mangkat. Blaik! Aku lagi nyadar pas munggah, dudu terowongan terminal sing tak lewati ananing passenger boarding bridge!
Aku banjur gage-gage balik kanan. Balik mudun menyang apron karo clingak-clinguk. Aku banjur golek dalan metu. Untung wae ana awak bandara sing marani aku banjur takon-takon. Pas dak critani, awak bandara mau mesam-mesem banjur nawani aku numpak mobile terus diterke nyang gate terminal.
Oalah.. Lagi pisan iki aku sempet keleleran nyang apron. Hampir wae aku melu mabur meneh numpak pesawat menyang panggon sing aku yo ra weruh. Hwaakakaka..